Lirik Lagu AWAKULO - Jagang Tengah | hiphoplib blog

Lirik Lagu AWAKULO - Jagang Tengah

AWAKULO
[Chorus]
Ayo Wes Sepedae Ndang Dijagang Tengah 
Ojok Kesuwen Ayo Wes Ndang Dijagang Tengah 
Selak Kebengen Ayo Wes Ndang Dijagang Tengah 
Ayo Wes Sepedae Ndang Dijagang Tengah
Ayo Wes Sepedae Ndang Dijagang Tengah 
Tangane Gerayangan Sepedae Goyang-Goyang 
Golek Enggon Petengan Sepedae Goyang-Goyang 
Ayo Wes Sepedae Ndang Dijagang Tengah

[Daddy A]
Malem Minggu Wayahe Arek Enom Pacaran 
Ket Isuk Smsan Janji Sore Ketemuan 
Podo Gak Sabaran Ngenteni Sampe Lumutan 
Tepak Bar Gajian, Isok Ngajak Mangan
Gengsi Nomer Siji Sing Penting Gak Ngisin-Ngisini 
Masi Kere Macak Sugih Pokok Ojok Ngetarani 
Sing Wedok Macak Seksi, Kelambine Serba Mini 
Nggawe Lengo Wangi Wangine Gak Nguati
Arek Saiki Pacakane Pancen Wani-Wani 
Ojok Disalahno Yen Sing Lanang Dadi Horny 
Ngakune Sayang Asline Mek Pengen Golek Bati 
Yen Wis Puas Ditinggal Gledak Jelas Loro Ati

[Chorus] 4x

[Goof Goof]
Nek Ngempet Terus Suwi-Suwi Yo Gak Tahan 
Ngalor Ngidul Gak Jelas Gak Onok Tujuan 
Sing Mojok Nggarai Ndas Nisor Cenat Cenut 
Nek Kebablasen Utek Pegel Poleh Dadi Mumet
Mamdek Nang Pinggir Dalan Ngejak Arek Perawan 
Timbang Dadi Tontonan Golek Enggon Petengan 
Nang Nisore Jembatan Utowo Kenjeran 
Lungguh Nang Sepeda Pokoke Isok Cipokan
Nyetir Ugal-Ugalan Koyok Lyn Nguber Setoran 
Goncengan Telu Gowo Cabe-Cabean 
Koyok Wong Kulak Sayur Nang Pasar Keputran 
Ngalahi Wong Pabrikan Molehe Pas Subuhan

[Chorus] 4x

[Firend A.M]
Pacaran Jejer-Jejer Koyok Pameran 
Persis Iwak Asin Dipepe Nang Pasar Ikan 
Rangkul-Rangkulan, Jiwit-Jiwitan, Sayang-Sayangan 
Sepedae Dijagang Gawe Tutupan
Pokoke Onok Panggon, Dijamin Enak 
Gak Ngurus Masi Nyamuk Ngelamak 
Gak Gowo Koran Lemekan Kloso, Pokoke Lego 
Gak Bondo Sing Penting Keroso
Dadi Lanangan Cek Kebacute 
Gak Duwe Duwek Gayane Melete 
Cek Wanine Ngejaki Metu, Mlaku-Mlaku 
Lah Kok Jebuse Nang Watu-Watu

[Chorus] 4x

[M.E.B]
Tangen Gerayangan Gak Wedi Kebablasan 
Sing Wedok Keenakan Sing Lanang Keasikan 
Gak Perlu Pemanasan Suroboyo Wes Panas 
Moleh Genda'an Nyampe Omah Langsung Keramas
Susah, Jenenge Muda Mudi Lagi Kasmaran 
Isuk Sampek Bengi Njaluke Isok Terus Barengan 
Koyok Iklan Nang Tv Truk Ae Gandengan 
Alon-Alon Mas Ojok Lali Nggawe Pengaman
Ilingo Batesan Ojok Nuruti Nafsue Setan 
Lek Wes Kedaden Isok Ngerusak Masa Depan 
Koyok Wong Kedonyan Sing Lali Daratan 
Kudu Ati-Ati Awas Kenek Obrakan

[Chorus] 4x

Related Posts

0 Response to "Lirik Lagu AWAKULO - Jagang Tengah"

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel