Lirik Lagu AWAKULO - Ojok Ngawur | hiphoplib blog

Lirik Lagu AWAKULO - Ojok Ngawur

AWAKULO
[Hook]
Urip Dilakoni Sing Penting (Ojok Ngawur) 
Pokoke Disyukuri Sing Penting (Ojok Ngawur) 
Sing Nandur Bakal Ngunduh, Sing Nggawe Bakal Nganggo 
(Pokoke Ojok Ngawur, Pokoke Ojok Ngawur)

[M.E.B]
Honocoroko Dotosowolo Podojoyonyo Mogobotongo
Gak Usah Neko-Neko Kabeh Kudu Ditoto (Heiii) 
Yo Kromo Yo Boso Dijogo Supoyo Gak Ciloko 
Bakti Karo Wong Tuwo Dijamin Slamet Nang Ndunyo
Guru Gak Digugu Nang Sekolah Malah Turu 
Lek Pacaran Nggetu, Sinau Gak Tau 
Atase Sangu Sek Njaluk Bapak Ibumu 
Bengi Ngajak Metu, Njaluk Bayari Bojomu (Kebacut)
Iki Lagu Temane Ojok Ngawur 
Lirike Ori, Murni Duduk Bensin Campur 
Dadi Lek Ngerungokno Yo Ojok Sampe Ngawur 
Opo Maneh Ngilokno Ojok Angger Diawur

[Daddy]
Sak Iki Jaman Susah, Kabeh Dadi Resah/ 
Ndungo Lan Usaha, Sing Penting Ojok Pasrah/ 
Pengen Melok Panen Tapi Gak Gelem Melok Nandur/ 
Dipikir Karo Ngelindur, Mbok Yo Ojok Ngawur//
Wong Tuwo Kerjo Soro Golek Duek Banting Tulang/ 
Nyukupi Kebutuhan Keluarga Gak Kurang-Kurang/ 
Cilik Diramut, Mangan Kadang Jek Didulang/ 
Ojok Cuma Nuntut, Sak Iki Wayahe Golek Peluang//
Podo Ngerteni Iku Sing Jenenge Ngajeni/ 
Yen Dituturi Wong Tuwo Ojok Diwaneni/ 
Wes Ngerti Salah Yo Ojok Dibaleni/ 
Modernisasi Ojok Sampai Ngalahno Tradisi//

[Hook]
Urip Dilakoni Sing Penting (Ojok Ngawur) 
Pokoke Disyukuri Sing Penting (Ojok Ngawur) 
Sing Nandur Bakal Ngunduh, Sing Nggawe Bakal Nganggo 
(Pokoke Ojok Ngawur, Pokoke Ojok Ngawur) 2x

[Friend A.M]
Ngalor Ngidul, Ngetan Ngulon, Urip Kudu Genah. 
Pokok E Ojok Sambatan, Insyallah Barokah. 
Awal E Teko Ngisor, Gak Ngara Langsung Dadi. 
Endi Sing Ketok Salah, Ojok Dimeloki.
Belajar Sing Rajin, Cek Dadi Arek Pinter. 
Ojok Kakean Online, Jam Kosong Dulinan Twitter. 
Bahas Gendaan, Duduk Bahas Pelajaran. 
Spp Larang, Sekolah Kok Digawe Dulinan.
Pas Wayah E Susah, Ojok Malah Ngersulo. 
Gampang Opo Angel, Kabeh Iku Lakon Ono. 
Dadi Menungso, Kudu Isok Ikhlas Nerimo. 
Usaha Mati Matian, Bersyukur Nang Sing Kuoso.

[Don O]
Arek Saiki Pancen Sak Enak'e Dewe 
Jaluk Iki Jaluk Iku Jaluk Opo Ae 
Nek Gak Keturutan, Dadi Sumpek Atine 
Ngancem Mingat Teko Omah, Lek Luwe Balik Maneh
Macak Koyok Wong Sogeh, Padahal Yo Biasa 
Bendinone Nang Warung Saiki Sobone Cafe 
Biasane Mangan Jagung, Paling Banter Mangan Tempe 
Duwek Wes Ludes, Bingung Gadekno Hape
Pesenku Ojok Ngawur, Pisan Mane Ojok Ngawur 
Ndelok'o Nggisormu, Mimpi Ojok Terlalu Duwur 
Sakno Wong Tuwomu, Usaha Semampumu 
Nek Awakmu Sukses, Kate Lapo Wes Karepmu (Heiii)

[Hook]
Urip Dilakoni Sing Penting (Ojok Ngawur) 
Pokoke Disyukuri Sing Penting (Ojok Ngawur) 
Sing Nandur Bakal Ngunduh, Sing Nggawe Bakal Nganggo 
(Pokoke Ojok Ngawur, Pokoke Ojok Ngawur)
Urip Dilakoni Sing Penting (Ojok Ngawur) 
Pokoke Disyukuri Sing Penting (Ojok Ngawur) 
Sing Nandur Bakal Ngunduh, Sing Nggawe Bakal Nganggo 
(Mangkane Ojok Ngawur, Mangkane Ojok Ngawur) 2x

[Skit 2]
Lho, Nang Ndi Le? 
Yo Moleh Mas, Luwe Aku Durung Mangan 
Jarene Minggat, Lha Kok Moleh? 
Ealah Le Le, Mangkane Ta Ojok Ngawur

Related Posts

0 Response to "Lirik Lagu AWAKULO - Ojok Ngawur"

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel