Lirik Lagu Wayang Hip-Hop - Salin Srengat
March 29, 2016
![]() |
Wayang Hip-Hop Logo |
Sak bubare perang gedhe kang sinebut baratayudha
Gemah ora ripah, karta ora tata
Opo meneh raharja
Wauta nalika semana negari ngastina
[Hook]
Ngastina wos kalah perang, Bratayudha amungkasi
Pendawa uripe mulyo, Slegrang slegreng lungguh kursi
Pendawa uripe mulyo, ngunjuk anggur dhahar roti
[Verse 1]
Iki cerito asale seka negara ngastina
sak bubare perang gedhe baratayudha
pandawa bungah, dadi pemerintah
kurawa kalah, ngastina di jajah
Dirampok impene, uripe tansah susah
arep seneng sithek wae wes podho dijarah
Sedino mangan pisan kuwi jarene lumrah
Opo meneh dinggo ragat anake sekolah
Mongko mbiyen kondhang ngastina gemah ripah
Toto titi tentrem, rukun podho manembah
Nadyan bedo penemu nanging ra tau congkrah
Ning saiki bedo sithik wae mesti keno fitnah
Kalah, wong kalah mono kudu gelem ngalah
Ngalah, wes gelem ngalah kudu ngaku salah
Bubrah, ngastina saiki wes bubrah
Utekke wes keno loro komplikasi parah
[Verse 2]
Lo jare pandawa kui berbudi bowo leksana
Lha yo bener nanging mbiyen sak durunge podho kemul bondho
Kowe ojo ngawur, pandawa kui satria sejati
Kui rak mbiyen, sakdurunge tepung sing jeneng korupsi
Malah kabare saiki wes wiwit do podho lali
Ora eling marang sangkan parang ing dumadi
Perjuangan lan lelabuhan wes ora diregani
Nganggo gaman demokrasi kanggo golek bathi
[Hook]
Ngastina wos kalah perang, Bratayudha amungkasi
Pendawa uripe mulyo, Setelan jas neng seneng ngapusi
Ngastina wos kalah perang, Bratayudha amungkasi
Pendawa soyo ra cetho, janjine ra tau dadi
[Verse 3]
Loh kowe ojo ngawur, iki fakta dulur
Kowe ojo waton, alah iki wes kelakon
Mbok ojo dleweran, yung alah iki kasunyatan
Lha opo buktine, kowe aku wes ngrasakke
[Chorus]
Maling mobile malah kincling
Copet umure awet
Garong omahe magrong magrong
Pungli samsoyo ndadi
Sing salah podho bungah bungah
Sing bener do klenger
Sing kliru podho mesem ngguyu
Sing jujur do ajur
Sing bejat malah podho berkat
Sing suci dibenci
Sing ngawur pangkate dhuwur
Sing nggenah difitnah
Eling pomo di pun eling yen gusti ora sare
Mesti krungu sambate kawula kang susah uripe
Sopo kang mbibiti ala ing kono bakale sirna
Sopo ingkang bener bakale tinemu
Suro diro jaya ningrat
Lebur dening pangastuti