Lirik Lagu Wayang Hip-Hop - Sang Dahyang | hiphoplib blog

Lirik Lagu Wayang Hip-Hop - Sang Dahyang

hiphopindo
Wayang Cover
[Bridge]
Sabdo Palon - Noyo Genggong 2x

[Verse 1]
Sabdo palon dahyang ing tanah jawa
Sopo ingkang jumeneng noto wes mesti momongan kulo
Ora ono sing wani koyo anggon mu kui
Nganti bubrah parah nilar pikukuh luhuring jawi ra ngati ati

Dadi siji, ojo seneng waton melu-melu
Kabeh kui, kudu seko lahir lan batinmu
Pamrihipun bakal damel kapiran muksa nek awakmu
Mulano elingo raga sukma mu bakal bubar minggat musna kanti jenengmu

[Hook]
Ingsun iki dahyang ing tanah jawi
Sabdopalon Noyogenggong iku mami
Nadyan raga ilang dipangan bumi
Tekan titi wancine ingsun bakal bali

Praptan ingsun jagat kang angurmati
Deres ilining lahar gunung merapi
Lawan jiwa jawi anetra siji
iku tanda pawana bakale mukti

[Verse 2] 
Woh wet kawruh lan woh wet putih
Nrima pejah dados setan nedo siti
Amerga mulih marang asale asale nur bali marang ing nur
Menika kawruhipun tiang bingung gesangipun dene pejah ingkang utami

Menika sewu telung puluh yen satus menika tegese putus
Yen telu menika tegese tilas
Yen puluh menika tegese pulih
Dadi putus tilas pulih iku wujud sukma iso molak malik

Dene saiki ciptaku arep semeleh mulih
menyang akhirat munggah suarga "Sabdopalon" matur
Akhirat suarga paduka beto ing jagad manungsa
Tambah ulam sambel jangan akhirat menika ketingal ketata

[Verse 3]
Eling pomo dieling piweling para guna
Ojo lali kang cecikal, ojo lali kang bebakal
Ojo lali kang tetinggal, Nalarmu age den udal

Tandane eong kang kang lali iku cepak bilahi
Ojo lali kang cecikal, ojo lali kang bebakal
Ojo lali kang tetinggal, Nalarmu age den udal

[Verse 3] 
Sabdo kui pamuwus, palon pikukuh kondang
Noyo tegese ulat, genggong langgeng mboten ewah
Aku bakal misah ora lungo ra neng kono
Banyuwangi dadi seksine wayah sesok bakalku bali

Related Posts

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel